Minggu, 06 Maret 2011

SEJARAH MAJAPAHIT


SEJARAH

Taun 1292 Singasari dikuwasani keturunan kraton Kediri yaiku Jayakatwang. Salah sawijining keturunan Singasari, Raden Wijaya, sumingkir menyang Pulo Madura. Ing pulo iku, Wijaya antuk pramayoga déning sing baureksa Madura, yaiku Aria Wiraraja, supaya éthok-éthok ngabdi karo Jayakatwang.
Jayakatwang nampa Wijaya lan kanugrahan lemah ing tlatah Tarik sing isih awujud alas. Tarik iki dadi cikal bakal kraton Majapahit.
Ing pungkasan taun 1293, Wijaya migunakaké prajurit Kubilai Khan sing arep nyerang Singasari (Kertanegara), gabungané prajurit Cina karo Wijaya iki bisa ngalahaké Jayakatwang sing déning prajurit Cina dikira Kertanegara. Raden Wijaya uga ngalahke prajurit Kubilai Khan wektu acara pesta kamenangan musuh Jayakatwang.

RAJA - RAJA 

Radèn Wijaya

(Dipindhah saka Raden Wijaya)

            
Radèn Wijaya (lair: ? - séda: Majapahit1309) iku sing ngadegaké Karajan Majapahit sekaligus raja pisanan sing mrintah ing taun 1293-1309, mawa gelar Prabu Kertarajasa Jayawardana. Nararya Sanggramawijaya Sri Maharaja Kertajasa Jayawardhana. MiturutNagarakretagama, Raden Wijaya séda taun 1309 lan disarèkaké ing Antahpura lan didadèkaké candhi ing Simping minangka Harihara, utawa nyawijiné antara Wisnu lan Siwa. Radèn Wijaya digantèkaké déning Jayanagara minangka raja sabanjuré.

Jayanagara

(Dipindhah saka Jayanegara)

Ing jaman kakuasaan Jayanagara iki kerep kedadeyan pemberontakan sing dilakoni deningSora taun (1311), Nambi tahun 1316, uga Kuti taun 1319.
Jayanagara iku raja Majapahit kaping pindo (1309-1328), putra Raden Wijaya saka Dara Petak sing asale saka Karajan Dharmasraya. Dyah Dara Petak iku salah siji saka lima istri Raden Wijaya lan mung saka Dyah Dara Petak iki Raden Wijaya nduwe katurunan putra lanang, mulane Dyah Dara Petak entu' gelar Stri Tinuheng Pura sing maknane: Istri sing dituake neng istana.


Hayam Wuruk



Hayam Wuruk, uga ditepungi minangka (sawisé taun 1350) Rajasanagara, (1334–1389), iku raja kapapat saka Krajan Majapait. Bebarengan karo patihé Gajah Mada, Hayam Wuruk nggayuh kakuwasan sing gedhé. Hayam Wuruk nggantèkaké Tribhuwana Wijayatunggadewi lan diganti putra mantuné Wikramawardhana.

Suhita

Prabu Stri Suhita iku ratu wanita Majapait sing mrintah taun 1427-1447, bebarengan karo garwané Bhra Hyang Parameswara Ratnapangkaja

Rajasawardhana

Rajasawardhana jroning sajarah Krajan Majapait ngarujuk marang wong loro. Sing pisanan pejabat Bhre Matahun ing pamaréntahan Hayam Wuruk, déné sing kaloro yaiku raja Majapait sing mrintah taun 1451-1453.

Bhre Kertabhumi

Bhré Kertabhumi utawa Brawijaya V iku putra Rajasawardhana utawa Brawijaya II. Bhre Kertabhumi nyerang raja Majapahit sing isih kuwasa, yaiku Suraprabhawa utawa Brawijaya IV.
Bhre Kertabhumi nduwé garwa sing jenengé Anarawati, puteri saka Karajan Champa sing nganut agama Islam. Saliyané iku, Bhre Kertabhumi uga nduwé garwa saka Cina sing nurunake Raden Patah (sing menkoné ngedegaké Kasultanan Demak).
Ing taun 1478 Bhre Kertabhumi diserang Girindrawardhana utawa Brawijaya VI (putra Brawijaya IV), Bhre Kertabhumi nyingkir menyangKasultanan Demak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar